Wonten ingkang tepang kaliyan geguritan? Apa kuwi geguritan? sadurunge maca
geguritan, ayo tetepangan dhisik karo geguritan saka asal-mulane geguritan iku.
Dados mekaten, diwiwiti saka crita, puisi ing kasusastran Jawa ana wiwit
jaman Jawa kuno nganti jaman Jawa modhern. Wujud puisi ing jaman Jawa kuno
diarani kakawin. Kakawin iki wujud puisi kang nggunakake metrum India. Basa
kang digunakake isih basa Jawa kuno. Nalika mlebu ing periodhe Jawa pertengahan
puisine diarani kidung, basa kang digunakake basa Jawa pertengahan, kadhang uga
diarani puisi Jawa pertengahan. Puisi Jawa anyar diarani tembang, basane
nggunakake basa Jawa anyar lan kaiket karo paugeran tembang.
Wujud puisi Jawa modern yaiku geguritan,
basane uga nggunakake basa Jawa anyarnanging wis ora kaiket karo paugeran utawa
kadang diarani puisibebas.Asil kreatifitas para penyair nalika ngripta puisi nuwuhake
maneka werna jinise puisi sajrone sastra Jawa. Para pengarang kudu nduweni
kaprigelan lan tembung-tembungkang becik kanggo ngarang puisi. Wujud puisi Jawa
Modern yaiku geguritan. Geguritan asale saka tembung “gurit” tegese tulisan
kang awujud tatahan. “nggurit” ateges ngarang tembang utawa kidung, utawa rerepen
(Padmosoekotjo, 1953:66). Geguritan iku wujud puisi kang ora kaiket dening
paugeran tartamtu, kaya dene puisi tradhisional kaya ta kakawin, kidung, lan tembang
macapat. Nggunakake basa Jawa Modern.Geguritan sajrone kasusastran Jawa Modern
anane bebarengan karo cerkak lan novel. Nulis geguritan ora padha karo nulis
novel lan cerkak. inspirasi nulis geguritan iku asil saka pengalaman lan spiritual
kang dialami pengarang, sing asil saka pribadhine pengarang dhewe.Piranti liya
kang digunakake pangripta kanggo ngandharake idhe sajrone geguritan awujud pamilihing
tembung (diksi), retorika lan lelawaning basa. Basa minangka medhia pengarang
kang wigati. Apik orane geguritan iku gumantung karo kaprigelane pengarang ngolah
utawa nggunakake tetembungan utawa basa.
Kang
dadi titikan sing ana ing geguritan yaiku:
a. Tembung-tembunge
pilihan lan mentes
b. Ora
kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
c. Migunakake
basa kang endah (basa rinengga),
d. Migunakake
tembung-tembung andhahan kang karimbag mawa : Ater- ater a ,
seselan in lan um, adhapur dwilingga lan dwipurwa
e. Pamilihing
aksara swara kang trep lan pas saengga bisa nuwuhake irama kang endah
Menawa uwis tepang karo
geguritan, ana sing uwis nate nganggit geguritan? menawa urung nate nganggit
geguritan, ing ngisor iki ana cara kanggo nganggit geguritan. Nulis geguritan
iku dudu perkara sing angel kanggone wong kang wus kulina nganggit utawa nulis
geguritan. Kabeh kang ana ing angen-angen bisa diwedharake kanthi
tembung-tembung kang ditata ana ing larik-larik mesthi wis dadi apik. Nanging
kanggo bocah utawa siswa, luwih-luwih siswa ing tataran SMP, nggawe geguritan
kuwi dadi perkara sing angel lan abot, mula perlu pituduh cara kanggo
gampangake.
Cara Nganggit utawa Nulis
Geguritan
1. Nemtokake
tema utawa underane geguritan
2. Milih
tembung kang mentes bisa saka bausastra
3. Ngrakit
ukara kang ringkes, dipantha-pantha dadi bait utawa pada
4. Yen perlu
nganggo purwakanthi (sajak) supaya kepenak diwaca lan gampang diapalne
5. Diwaca
bola-bali kanggo ngukur cocok orane karo underaning crita, lan aja nganti kaya
gancaran kang dipantha-pantha dadi bait.
6. Menehi
sesirah utawa irah-irahan.
Ing ngisor iki tuladha geguritan
ing jaman modhern, basane uwis nganggo ragam basa jawa ing jaman saiki:
Biyung
(Dening : Khartika
Purnamasari)
Aku kelingan dosaku
Kelingan dosaku marang Hyang
Widi
Tumindakku kang ala mring biyung
Gela rasa- rasaning ati
Durung bisa tumindak becik
kaliyan biyung
Tresnaku mring biyung iki tan
bisa dakukur
Umpama kanggo piwales
pangurbananmu
Isih durung ana apa-apane
Ngapurane biyung, anakmu durung
bisa piwales punapa-napa
Pangurbananmu uga tresnamu
marang anakmu
Ngluwih-ngluwihi rasa tresnamu
mring tuhu
Rina lan wengi nalika aku isih
cilik,
Biyung tansah nggulawentah
anakmu kang durhaka iki
Aku bakal janji marang biyung
Janji supaya aku bisa
nyenengke biyung
Janji supaya aku nora
ndamel cuwaning biyung
Saha janji supaya aku nora
durhaka marang biyung
Wiwit dina iki rembulan kang
bakal dadi seksi
Seksi tresnaku mring ibu tan
bisa mati
Supaya anggone tetepang kaliyan
geguritan mantep, tuladha maca geguritan bisa dipirsani ing vidio ngisor iki
:
Kapustakan :
Mardliyah, S. (2018). Gaya,
Tandha, Lan Maknane Tetembungan Sajrone Antologi Geguritan Kidung Lingsir Wengi
Anggitane Suharmono Kasiyun (Tintingan Semiotika Charles Sanders Peirce). BARADHA,
1(1).
Padmoseokotja, S. 1953. Ngengrengan
Kasusastran Djawa. Jakarta
Mantap bisa untuk tambahan materi belajar :)
BalasHapusTerimakasih kak, sangat bagus untuk materi pembelajaran bahasa Jawa
BalasHapusmantapppppppp
BalasHapusMenyentuh hati kak :')
BalasHapusWahhh baguss bgt mbaa
BalasHapusBagus kak tulisannya. Semangat menulis!
BalasHapus