Langsung ke konten utama

Tetepangan Kaliyan Geguritan



Wonten ingkang tepang kaliyan geguritan? Apa kuwi geguritan? sadurunge maca geguritan, ayo tetepangan dhisik karo geguritan saka asal-mulane geguritan iku. Dados mekaten, diwiwiti saka crita,  puisi ing kasusastran Jawa ana wiwit jaman Jawa kuno nganti jaman Jawa modhern. Wujud puisi ing jaman Jawa kuno diarani kakawin. Kakawin iki wujud puisi kang nggunakake metrum India. Basa kang digunakake isih basa Jawa kuno. Nalika mlebu ing periodhe Jawa pertengahan puisine diarani kidung, basa kang digunakake basa Jawa pertengahan, kadhang uga diarani puisi Jawa pertengahan. Puisi Jawa anyar diarani tembang, basane nggunakake basa Jawa anyar lan kaiket karo paugeran tembang.


Wujud puisi Jawa modern yaiku geguritan, basane uga nggunakake basa Jawa anyarnanging wis ora kaiket karo paugeran utawa kadang diarani puisibebas.Asil kreatifitas para penyair nalika ngripta puisi nuwuhake maneka werna jinise puisi sajrone sastra Jawa. Para pengarang kudu nduweni kaprigelan lan tembung-tembungkang becik kanggo ngarang puisi. Wujud puisi Jawa Modern yaiku geguritan. Geguritan asale saka tembung “gurit” tegese tulisan kang awujud tatahan. “nggurit” ateges ngarang tembang utawa kidung, utawa rerepen (Padmosoekotjo, 1953:66). Geguritan iku wujud puisi kang ora kaiket dening paugeran tartamtu, kaya dene puisi tradhisional kaya ta kakawin, kidung, lan tembang macapat. Nggunakake basa Jawa Modern.Geguritan sajrone kasusastran Jawa Modern anane bebarengan karo cerkak lan novel. Nulis geguritan ora padha karo nulis novel lan cerkak. inspirasi nulis geguritan iku asil saka pengalaman lan spiritual kang dialami pengarang, sing asil saka pribadhine pengarang dhewe.Piranti liya kang digunakake pangripta kanggo ngandharake idhe sajrone geguritan awujud pamilihing tembung (diksi), retorika lan lelawaning basa. Basa minangka medhia pengarang kang wigati. Apik orane geguritan iku gumantung karo kaprigelane pengarang ngolah utawa nggunakake tetembungan utawa basa. 

Kang dadi titikan sing ana ing geguritan yaiku:                                                                           
a.  Tembung-tembunge pilihan lan mentes
b.  Ora kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
c.  Migunakake basa kang endah (basa rinengga),
d. Migunakake tembung-tembung andhahan kang karimbag mawa : Ater- ater a , seselan   in lan um, adhapur dwilingga lan dwipurwa
e. Pamilihing aksara swara kang trep lan pas saengga bisa nuwuhake irama kang endah
 


Menawa uwis tepang karo geguritan, ana sing uwis nate nganggit geguritan? menawa urung nate nganggit geguritan, ing ngisor iki ana cara kanggo nganggit geguritan. Nulis geguritan iku dudu perkara sing angel kanggone wong kang wus kulina nganggit utawa nulis geguritan. Kabeh kang ana ing angen-angen bisa diwedharake kanthi tembung-tembung kang ditata ana ing larik-larik mesthi wis dadi apik. Nanging kanggo bocah utawa siswa, luwih-luwih siswa ing tataran SMP, nggawe geguritan kuwi dadi perkara sing angel lan abot, mula perlu pituduh cara kanggo gampangake.   


Cara Nganggit utawa Nulis Geguritan
1.  Nemtokake tema utawa underane geguritan
2.  Milih tembung kang mentes bisa saka bausastra
3.  Ngrakit ukara kang ringkes, dipantha-pantha dadi bait utawa pada
4. Yen perlu nganggo purwakanthi (sajak) supaya kepenak diwaca lan gampang diapalne
5. Diwaca bola-bali kanggo ngukur cocok orane karo underaning crita, lan aja nganti kaya gancaran  kang dipantha-pantha dadi bait.
6.  Menehi sesirah utawa irah-irahan. 


Ing ngisor iki tuladha geguritan ing jaman modhern, basane uwis nganggo ragam basa jawa ing jaman saiki: 
Biyung
(Dening : Khartika Purnamasari)
Aku kelingan dosaku
Kelingan dosaku marang Hyang Widi
Tumindakku kang ala mring biyung
Gela rasa- rasaning ati
Durung bisa tumindak becik kaliyan biyung
Tresnaku mring biyung iki tan bisa dakukur
Umpama kanggo piwales pangurbananmu
Isih durung ana apa-apane
Ngapurane biyung, anakmu durung bisa piwales punapa-napa
Pangurbananmu uga tresnamu marang anakmu
Ngluwih-ngluwihi rasa tresnamu mring tuhu
Rina lan wengi nalika aku isih cilik,
Biyung tansah nggulawentah anakmu kang durhaka iki
Aku bakal janji marang biyung
Janji supaya  aku bisa nyenengke biyung
Janji supaya  aku nora ndamel cuwaning biyung
Saha janji supaya aku nora durhaka marang biyung
Wiwit dina iki rembulan kang bakal dadi seksi
Seksi tresnaku mring ibu tan bisa mati

Supaya anggone tetepang kaliyan geguritan mantep, tuladha maca geguritan bisa dipirsani ing vidio ngisor iki :


Kapustakan :
Mardliyah, S. (2018). Gaya, Tandha, Lan Maknane Tetembungan Sajrone Antologi Geguritan Kidung Lingsir Wengi Anggitane Suharmono Kasiyun (Tintingan Semiotika Charles Sanders Peirce). BARADHA, 1(1).
Padmoseokotja, S. 1953. Ngengrengan Kasusastran Djawa. Jakarta

Komentar

Posting Komentar