Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2019

Tuladha Maca Pawarta neng Radhio

Sadurunge ing tuladha pawarta ayo sinau dhisik apa kuwi pawarta? pawarta inggih menika informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar awujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng. Sawijining informasi kang karacik ing sajroning pawarta padatan ngandhut informasi kang wigati (penting).  Pawarta duwe titikan yaiku: 1.       Tinemu ing akal (penalaran logis) 2.       Informasi pepak kang jumbuh kaliyan rumus 5W+1H 3.       Struktur basa trep 4.       Diksi trep ora ambigu 5.       Narik kawigaten 6.       Basa kang nengsemake 

Sinau Tanggap Wacana

I ngkang diarani tanggap wacana yaiku ngomong neng ngarepe wong akeh kanthi ancas tartamtu. tanggap wacana uga diarani sesorah. Wong kang nindhakake tanggap wacana utawa sesorah diarani pamedharsabda.  Dene kang diarani pranatacara. yaiku wong kang nglantarake sawijine adhicara. Pranatacara mawi basa Indonesia diarani pembawa acara kang lumrahe diarani MC ( master of ceremony ).  Pranatacara apadene pamedharsabda loro-lorone padhadene ngomong neng ngarepe wong akeh. Mung bedane, Pamedharsabda tugase menehi sesorah, sesulih, medhar sabda utawa ceramah. Dene yen pranata cara tugase ngatur lumakune sawijine acara murih bisa lumaku kanthi rancag.  Supaya bisa dadi pamedharsabda apadene pranatacara kudu duwe kawruh kang luwih ngenani basa, sastra, lan budaya jawa. supaya bisa duweni kawruh ngenani basa, sastra, lan budaya jawa kudu gelem ngudi lan sinau ngenani ngelmu kang dibutuhake kangge nindakake jejibahan minangka dadi pamedharsabda apadene pranatacara....

Tetepangan Kaliyan Geguritan

Wonten ingkang tepang kaliyan geguritan? Apa kuwi geguritan? sadurunge maca geguritan, ayo tetepangan dhisik karo geguritan saka asal-mulane geguritan iku. Dados mekaten, diwiwiti saka crita,  puisi ing kasusastran Jawa ana wiwit jaman Jawa kuno nganti jaman Jawa modhern. Wujud puisi ing jaman Jawa kuno diarani kakawin. Kakawin iki wujud puisi kang nggunakake metrum India. Basa kang digunakake isih basa Jawa kuno. Nalika mlebu ing periodhe Jawa pertengahan puisine diarani kidung, basa kang digunakake basa Jawa pertengahan, kadhang uga diarani puisi Jawa pertengahan. Puisi Jawa anyar diarani tembang, basane nggunakake basa Jawa anyar lan kaiket karo paugeran tembang. Wujud puisi Jawa modern yaiku geguritan, basane uga nggunakake basa Jawa anyarnanging wis ora kaiket karo paugeran utawa kadang diarani puisibebas.Asil kreatifitas para penyair nalika ngripta puisi nuwuhake maneka werna jinise puisi sajrone sastra Jawa. Para pengarang kudu nduweni kaprigelan lan tembung-t...

Ayo Nguri-Nguri Crita Legendha!

Legendha yaiku salah sijining jinis saka crita dongeng. Legendha kang ana ing donya iku akeh banget. Crita kang sumebar ing masyarakat  bisa dadi aset lan khazanah budaya. Legendha kasebut sumbere ora cetha, mung asipat lesan lan asalae saka leluhur jaman biyen saha turun-temurun.  Apa ta kang diarani crita legenda iku? Legendha yaiku crita prosa rakyat kang dianggep dening nenek moyang utawi leluhur menawa crita kasebut nate kedadean temenan. Ana uga pangerten legendha yaiku crita kang asale bebrayan, banjur dianggep prastawa kang nduweni sejarah (Hutomo, 1992:22) Legendha uga bisa diarani asal-usule panggonan, kepie panggonan iku bisa ana ing donya iki.  Tuladha legendha iku akeh banget, kayata legenda rawa pening, legendha tangkuban perahu, legendha telaga ngebel, lsp. Tuladha crita legendha uga bisa dipirsani ing vidio ngisor iki: