Langsung ke konten utama

Ayo Nguri-Nguri Crita Legendha!



Legendha yaiku salah sijining jinis saka crita dongeng. Legendha kang ana ing donya iku akeh banget. Crita kang sumebar ing masyarakat  bisa dadi aset lan khazanah budaya. Legendha kasebut sumbere ora cetha, mung asipat lesan lan asalae saka leluhur jaman biyen saha turun-temurun.  Apa ta kang diarani crita legenda iku? Legendha yaiku crita prosa rakyat kang dianggep dening nenek moyang utawi leluhur menawa crita kasebut nate kedadean temenan. Ana uga pangerten legendha yaiku crita kang asale bebrayan, banjur dianggep prastawa kang nduweni sejarah (Hutomo, 1992:22) Legendha uga bisa diarani asal-usule panggonan, kepie panggonan iku bisa ana ing donya iki.  Tuladha legendha iku akeh banget, kayata legenda rawa pening, legendha tangkuban perahu, legendha telaga ngebel, lsp. Tuladha crita legendha uga bisa dipirsani ing vidio ngisor iki:



Miturut crita legendha ing ndhuwur ana amanat kang bisa dijupuk nalika urip bebrayan. Legendha uga bisa dadi pasinaon bocah-bocah ing jaman saiki, amarga ing crita legendha ana nilai-nilai pendidikan kang bisa ditrepake. Legendha utawa crita kang wis sumebar ing masyarakat perlu dilestarekake, supaya crita  kasebut ora ilang merga jaman kang uwis modhern iki. Minangka bocah enom perlu nguri-nguri sastra lisan kang ana ing masyarakat, ora amung nguri-nguri ning perlu nresnani sastra lisan kang awujud basa jawa iki. Sejatine crita prosa rakyat iki uga bisa dikenalake ing bocah-bocah wiwit cilik, yaiku bisa ndelok saka vidio-vidio crita legendha kang narik kawigaten bocah-bocah cilik kayata tuladha vidio  ing ndhuwur, kang uwis migunakake animasi kartun lan dicritakake kanthi cetha uga nganggo basa jawa. Ora amung marang bocah-bocah cilik, sastra lisan kang awujud legendha iki uga bisa dikenalake ing  kancah internasional, supaya crita legendha ing Indonesia iki bisa dikenal marang warga mancanagari uga bisa dadi prtandha menawa Indonesia iku negara kang sugih banget karya sastra mligine karya sastra lisan.

Kapustakan :
Hutomo, Suripan. (1992). Mutiara Yang Terlupakan. Surabaya: HISKI

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tuladha Maca Pawarta neng Radhio

Sadurunge ing tuladha pawarta ayo sinau dhisik apa kuwi pawarta? pawarta inggih menika informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar awujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng. Sawijining informasi kang karacik ing sajroning pawarta padatan ngandhut informasi kang wigati (penting).  Pawarta duwe titikan yaiku: 1.       Tinemu ing akal (penalaran logis) 2.       Informasi pepak kang jumbuh kaliyan rumus 5W+1H 3.       Struktur basa trep 4.       Diksi trep ora ambigu 5.       Narik kawigaten 6.       Basa kang nengsemake 

Tetepangan Kaliyan Geguritan

Wonten ingkang tepang kaliyan geguritan? Apa kuwi geguritan? sadurunge maca geguritan, ayo tetepangan dhisik karo geguritan saka asal-mulane geguritan iku. Dados mekaten, diwiwiti saka crita,  puisi ing kasusastran Jawa ana wiwit jaman Jawa kuno nganti jaman Jawa modhern. Wujud puisi ing jaman Jawa kuno diarani kakawin. Kakawin iki wujud puisi kang nggunakake metrum India. Basa kang digunakake isih basa Jawa kuno. Nalika mlebu ing periodhe Jawa pertengahan puisine diarani kidung, basa kang digunakake basa Jawa pertengahan, kadhang uga diarani puisi Jawa pertengahan. Puisi Jawa anyar diarani tembang, basane nggunakake basa Jawa anyar lan kaiket karo paugeran tembang. Wujud puisi Jawa modern yaiku geguritan, basane uga nggunakake basa Jawa anyarnanging wis ora kaiket karo paugeran utawa kadang diarani puisibebas.Asil kreatifitas para penyair nalika ngripta puisi nuwuhake maneka werna jinise puisi sajrone sastra Jawa. Para pengarang kudu nduweni kaprigelan lan tembung-t...