Legendha yaiku salah sijining jinis saka crita dongeng. Legendha kang ana ing donya iku akeh banget. Crita kang sumebar ing masyarakat bisa dadi aset lan khazanah budaya. Legendha kasebut sumbere ora cetha, mung asipat lesan lan asalae saka leluhur jaman biyen saha turun-temurun. Apa ta kang diarani crita legenda iku? Legendha yaiku crita prosa rakyat kang dianggep dening nenek moyang utawi leluhur menawa crita kasebut nate kedadean temenan. Ana uga pangerten legendha yaiku crita kang asale bebrayan, banjur dianggep prastawa kang nduweni sejarah (Hutomo, 1992:22) Legendha uga bisa diarani asal-usule panggonan, kepie panggonan iku bisa ana ing donya iki. Tuladha legendha iku akeh banget, kayata legenda rawa pening, legendha tangkuban perahu, legendha telaga ngebel, lsp. Tuladha crita legendha uga bisa dipirsani ing vidio ngisor iki:
Miturut crita legendha ing ndhuwur ana amanat kang bisa dijupuk nalika urip bebrayan. Legendha uga bisa dadi pasinaon bocah-bocah ing jaman saiki, amarga ing crita legendha ana nilai-nilai pendidikan kang bisa ditrepake. Legendha utawa crita kang wis sumebar ing masyarakat perlu dilestarekake, supaya crita kasebut ora ilang merga jaman kang uwis modhern iki. Minangka bocah enom perlu nguri-nguri sastra lisan kang ana ing masyarakat, ora amung nguri-nguri ning perlu nresnani sastra lisan kang awujud basa jawa iki. Sejatine crita prosa rakyat iki uga bisa dikenalake ing bocah-bocah wiwit cilik, yaiku bisa ndelok saka vidio-vidio crita legendha kang narik kawigaten bocah-bocah cilik kayata tuladha vidio ing ndhuwur, kang uwis migunakake animasi kartun lan dicritakake kanthi cetha uga nganggo basa jawa. Ora amung marang bocah-bocah cilik, sastra lisan kang awujud legendha iki uga bisa dikenalake ing kancah internasional, supaya crita legendha ing Indonesia iki bisa dikenal marang warga mancanagari uga bisa dadi prtandha menawa Indonesia iku negara kang sugih banget karya sastra mligine karya sastra lisan.
Kapustakan :
Hutomo, Suripan. (1992). Mutiara Yang Terlupakan. Surabaya: HISKI
materi yang sangat menyenangkan
BalasHapusKerenn. Ditunggu kak konten selanjutnya
BalasHapusWah sangay bermanfaat kak, aku tunggu karya yg lainnya kakk..
BalasHapusTulisan yg bagus kak. Tetap berkarya:)
BalasHapus