Langsung ke konten utama

Tuladha Maca Pawarta neng Radhio




Sadurunge ing tuladha pawarta ayo sinau dhisik apa kuwi pawarta? pawarta inggih menika informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar awujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng. Sawijining informasi kang karacik ing sajroning pawarta padatan ngandhut informasi kang wigati (penting). 
Pawarta duwe titikan yaiku:
1.      Tinemu ing akal (penalaran logis)
2.      Informasi pepak kang jumbuh kaliyan rumus 5W+1H
3.      Struktur basa trep
4.      Diksi trep ora ambigu
5.      Narik kawigaten
6.      Basa kang nengsemake 

Unsur-unsur/kaidah/struktur pawarta bisa ditulis dadi 5W + 1H, yaiku:
a. What : kadadean apa sing diwartakake
b. Who : sapa sing ana ing sajroning kadadean iku
c. When : kapan kadadeane
d. Where : ing ngendi kadadeane
e. Why : genea bisa kadadean mangkono
f. How : kepriye kadadeane 

Sajroning macakake pawarta mbutuhake kaprigelan/teknik supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lan pawartane gampang dingreteni. Kaprigelan/teknik kasebut kaya andharan iki.
1) Nggunakake pangucap kang trep
2) Pamedhote frasa kang trep
3) Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4) Ngreteni tandha wacan kanthi trep
5) Swara kang cetha
6) Ekspresi kang trep
7) Ngatur alon lan cepete pamaca
8) Ngolah treping mlebu wetuning napas
9) Mahami wacan
10) Percaya marang dhiri pribadi 

Tuladha neng ngisor iki yaiku tuladha  Maca  Pawarta ing radhio dening kula, Khartika Purnamasari, menawa wonten ingkang badhe migunakaken kangge media pembelajaran sampun kesupen nggih nyerat link blogspot kula,nuwun. 





Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ayo Nguri-Nguri Crita Legendha!

Legendha yaiku salah sijining jinis saka crita dongeng. Legendha kang ana ing donya iku akeh banget. Crita kang sumebar ing masyarakat  bisa dadi aset lan khazanah budaya. Legendha kasebut sumbere ora cetha, mung asipat lesan lan asalae saka leluhur jaman biyen saha turun-temurun.  Apa ta kang diarani crita legenda iku? Legendha yaiku crita prosa rakyat kang dianggep dening nenek moyang utawi leluhur menawa crita kasebut nate kedadean temenan. Ana uga pangerten legendha yaiku crita kang asale bebrayan, banjur dianggep prastawa kang nduweni sejarah (Hutomo, 1992:22) Legendha uga bisa diarani asal-usule panggonan, kepie panggonan iku bisa ana ing donya iki.  Tuladha legendha iku akeh banget, kayata legenda rawa pening, legendha tangkuban perahu, legendha telaga ngebel, lsp. Tuladha crita legendha uga bisa dipirsani ing vidio ngisor iki:

Tetepangan Kaliyan Geguritan

Wonten ingkang tepang kaliyan geguritan? Apa kuwi geguritan? sadurunge maca geguritan, ayo tetepangan dhisik karo geguritan saka asal-mulane geguritan iku. Dados mekaten, diwiwiti saka crita,  puisi ing kasusastran Jawa ana wiwit jaman Jawa kuno nganti jaman Jawa modhern. Wujud puisi ing jaman Jawa kuno diarani kakawin. Kakawin iki wujud puisi kang nggunakake metrum India. Basa kang digunakake isih basa Jawa kuno. Nalika mlebu ing periodhe Jawa pertengahan puisine diarani kidung, basa kang digunakake basa Jawa pertengahan, kadhang uga diarani puisi Jawa pertengahan. Puisi Jawa anyar diarani tembang, basane nggunakake basa Jawa anyar lan kaiket karo paugeran tembang. Wujud puisi Jawa modern yaiku geguritan, basane uga nggunakake basa Jawa anyarnanging wis ora kaiket karo paugeran utawa kadang diarani puisibebas.Asil kreatifitas para penyair nalika ngripta puisi nuwuhake maneka werna jinise puisi sajrone sastra Jawa. Para pengarang kudu nduweni kaprigelan lan tembung-t...