Langsung ke konten utama

Sinau Tanggap Wacana







Ingkang diarani tanggap wacana yaiku ngomong neng ngarepe wong akeh kanthi ancas tartamtu. tanggap wacana uga diarani sesorah. Wong kang nindhakake tanggap wacana utawa sesorah diarani pamedharsabda. 
Dene kang diarani pranatacara. yaiku wong kang nglantarake sawijine adhicara. Pranatacara mawi basa Indonesia diarani pembawa acara kang lumrahe diarani MC (master of ceremony ). 
Pranatacara apadene pamedharsabda loro-lorone padhadene ngomong neng ngarepe wong akeh. Mung bedane, Pamedharsabda tugase menehi sesorah, sesulih, medhar sabda utawa ceramah. Dene yen pranata cara tugase ngatur lumakune sawijine acara murih bisa lumaku kanthi rancag. 
Supaya bisa dadi pamedharsabda apadene pranatacara kudu duwe kawruh kang luwih ngenani basa, sastra, lan budaya jawa. supaya bisa duweni kawruh ngenani basa, sastra, lan budaya jawa kudu gelem ngudi lan sinau ngenani ngelmu kang dibutuhake kangge nindakake jejibahan minangka dadi pamedharsabda apadene pranatacara. 

Ing ngisor iki bakal dijlentrehake materi bab pranatacara. 
Apa kang diarani pranatacara? Pranatacara yaiku wong kang nglantarake sawijine adhicara. Pranatacara mawi basa Indonesia diarani pembawa acara kang lumrahe diarani MC (master of ceremony ). Ing sawijining adicara tugase pranatacara iku penting banget. Apik lan orane sarta lancar orane sawijine adicara iku gumantung saka kaprigelan lan kapinterane pranatacara. Supaya sawijine acara bisa lumaku kanthi lancar lan nyenengake. 
Tugase pranatacara yaiku : 
a. ngrancang utawa nyusun adicara 
b. mbukak adicara 
c. ngatur acara utawa lumakune acara
d. ngaturi lan nyumanggakake sapa wae  kang kajibah jroning adicara 
e. menawa diperlokake menehi panyaruwe adicara kang rampung ditindakake 
f. ngrangkum kabeh lumakune adicara 
g. mungkasi uatawa nutup adicara 

Rantaman utawa susunan sawijine adicara iku maneka werna. Ananging ingkang  baku susunan acara iku ana telu yaiku pambuka, isi, lan panutup. 
a. Pambuka 
Bab-bab kang kudu diandharake sajroning mbukak sawijine adicara yaiku : 
1. uluk salam utawa atur salam (dicocogake karo wektu, panggonan lan situasi) 
2. puja-puji syukur konjuk ing ngarsane Gusti Allah
3. atur panuwun marang ingkang padha rawuh. 
4. ngandharake ancas patemon 
5. ngandharake utawa macakake susunan adicara,
6. miwiti utawa mbukak adicara sarana mimpin donga pambuka. 

b. Nenuntun adicara inti 
 Sawise mbukak adicara sarana mimpin dedonga pambuka, tugase pranatacara yaiku ngalancarake adicara inti. 

c. Nutup Adicara
Menawa kabeh rerangkening adicara uwis rampung, tugase pranatacara yaiku njupuk dudutan kabeh asile utawa lumakune adicara kang uwis rampung ditindakake, banjur diterusake nutup adicara. 

Kajaba sarat baku kang diduweni pranatacara ana 3 yaiku olah swara, olah busana, olah raga, sarta olah basa lan olah sastra. Bab-bab liya kang bisa nyengkuyung jejibahan pranatacara inggih punika: 
1. pangrengga swara (sound system) kanggo ngatur swara
2. papan panggonan kang digunakake kanggo ngayahi jejibahan 
3. ngelmu bab pranatacara
4. mental kang kebak kapitayan jroning nindakakejejibahan
5. dhisiplin anggone netepi jejibahan mernata adicara 
6. gladhen kanthi sregep tumrap pranatacara kang isih pemula

Supaya mudheng bab pranatacara, ing ngisor iki ana tuladha teks pranatacara, yaiku adicara ing desa yaiku bab Lomba Karesikan : 

Patemon Arep Nganakake Lomba Karesikan 
Assalamualaikum Warahmatullohi Wabarakatuh, 

Dhumateng ingkang ngrasuk agama sanesipun islam kula aturaken bagya yuwana lan rahayu! Mugi-mugi kawilujengan saha kasarasan tansah kasarira wonten ngarsa panjenengan sedaya. 

Bapak Camat Dolopo ingkang kinurmatan ,
Bapak Kepala Desa Asempayung saha para perangkatipun ingkang kula hormati, 
Bapak/ Ibu para Dhewan Juri ingkang kula hormati, 
Boten kesupen para bapak ibu sesulihing peserta lomba ingkang minulya, 
Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan para rawuh sedaya, 

Puja lan puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng panjenengan lan kula arupi kesehatan jasmani lan rokhani, saengga ing wekdal punika kita saged ngawontenaken pepanggihan kangge ngrembag bab kalaksananing lomba karesikan lingkungan. 

Bapak-bapak, ibu-ibu, lan para rawuh sedaya, 
Ing kalenggahan punika keparenga kula ngaturaken agunging panuwun, dene panjenengan sedaya sampun kepareng rawuh, hanetepi layang saking panitia. Ancasipun dipunwontenaken pepanggihan ing wekdal punika kagge ngrembag bab badhe wontenipun lomba karesikan lingkungan. 
Kula minangka pranataacara keparenga kula ngaturaken rantaman adicara ingkang badhe kalaksanan ing pepanggihan punika. 
Wondene rantaming adiacara ingkang sampun rinacik, 
a. Sepisan Pambuka 
b. Kaping kalih, paring pangandika saking pangrasaning Panitia. 
c. Kaping tiga, andharan utawi panjlentrehan saking para dhewan juri. 
d. kaping sekawan imbal wacana 
e. dene ingkang pungkasan panutup. 

Bapak-bapak, ibu-ibu lan para rawuh sedaya, 
Bokbilih mekaten menggah rerangkening adicara ingkang badhe kalaksanan wonten adicara pepanggihan dinten punika. 


Tuladha ing ndhuwur yaiku tuladha teks pranatacara ing adicara kang umume ing masyarakat, adicara kang biasane inggih dipunlampahi dening pranatacara yaiku adicara temanten, ing ngisor iki bisa dipirsani tuladha vidio pranatacara pambuka upacara temanten  : 


Komentar

Posting Komentar